
Nonton video ing aplikasi Video
Gunakake aplikasi Video kanggo muter film lan konten video liyane sing wis disimpen
utawa diundhuh ing piranti. Aplikasi Video uga ngewangi sampeyan ngolehi poster film,
ringkesan plot, info genre lan rincian sutradara kanggo saben film. Sampeyan uga bisa
muter film ing piranti liyane sing disambung karo jaringan sing padha.
Sawetara file video bisa uga ora bisa diputer ing aplikasi Video.
1
Bukak menu layar ngarep .
2
Deleng patunjuk program
3
Segerake isi
4
Kontrol saka adoh
5
Tlusuri Isi
6
Ganti antarane ndeleng isi pustaka, Program terkenal, Program Sing Lagi Siyaran, Serial TV, Film, lan
Program-program sing disaranake.
7
Seret pinggir kiri layar menyang tengen kanggo mbukak menu, nlusuri isi, lan ngatur setelan.
8
Tutul program kanggo kasinungan katrangan rinci lan isi kagayut
Muter video
1
Saka Layar Ngarep, tutul , banjur goleki lan tutul
Video.
2
Golek banjur tutul video sing arep diputer. Yen video ora ditampilake ing layar, tutul
kanggo mbukak menu layar ngarep, banjur golek lan tutul video sing pengin
diputer.
3
Kanggo nampilake utawa ndhelikake kontrol, tutul layar.
4
Kanggo ngaso, tutul . Kanggo nerusake muter, tutul .
5
Kanggo nggulung mundhur cepet, seret panandha garis progres ngiwa. Kanggo
nggulung maju cepet, seret panandha garis proges nengen.
Kanggo ngowahi setelan
1
Saka Layar Ngarep, tutul , banjur goleki lan tutul
Video.
2
Tutul kanggo mbukak menu layar ngarep, banjur tutul
Setelan.
3
Owahi setelan kaya sing dikepengini.
Nggenti setelan swara nalika video lagi muter
1
Nalika video diputer, tutul layar kanggo nuduhake kontrol.
2
Tutul >
Setelan swara, banjur genti setelan kaya sing dikarepake.
3
Yen wis rampung, tutul
OK.
115
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

Kanggo nuduhake video
1
Nalika video lagi muter, tutul , banjur tutul
Enggo bareng.
2
Tutul aplikasi sing arep digunakake kanggo enggo bareng video sing kapilih,
banjur tindakake langkah sing cocog kanggo ngirim.