
Nggoleki piranti sing ilang
Yen sampeyan nduweni akun Google™, layanan web "Protection by my Xperia" bisa
nulung sampeyan nemokake lan ngamanake piranti yen sampeyan nate kelangan. Yen
sampeyan wis ngaktifake layanan iki ing piranti, sampeyan bisa:
•
Nemokake piranti ing peta.
•
Munekake pepenget yen piranti ing mode Aja ngganggu.
•
Ngunci piranti saka kadohan lan nyetel supaya piranti nudhuhake informasi kontak
sampeyan kanggo sapa wae sing nemokake piranti kasebut.
•
Mbusak memori internal lan eksternal ing piranti saka adoh minangka cara trakir.
Layanan "Protection by my Xperia" bisa uga ora kasedhiya ing kabeh negara utawa wilayah.
Yen sampeyan mbusak memori internal piranti nggunakake layanan web "Protection by my
Xperia", sampeyan kudu mlebu nyang akun Google™ sing wis disinkronake sadurunge ing
piranti iki yen sampeyan ngurupake piranti maneh.
19
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

Ngaktifake Protection by my Xperia
1
Pesthekake sambungan data aktif, lan aktifake layanan panggonan ing piranti.
2
Saka Layar Ngarep, tutul .
3
Golek banjur tutul
Setelan > Layar kunci & kaamanan > Palindhungan dening
my Xperia > Aktifake.
4
Centhang kothak yen sarujuk karo sarat lan katemton layanan, banjur tutul
Tampa.
5
Yen dijaluk, mlebua ing akun Google™, utawa gawe akun anyar yen sampeyan
durung duwe.
Kanggo mesthekake layanan Protection by my Xperia bisa nemokake piranti sampeyan, bukak
myxperia.sonymobile.com
lan mlebu nganggo akun Google™ sing wis disetel ing piranti.
Yen sampeyan ngandum piranti karo sawetara pangguna, elinga yen layanan Protection by my
Xperia mung kasedhiya kanggo pangguna sing mlebu minangka pamilik.
Goleki piranti sing ilang nganggo Pengatur Piranti Android™
Google™ nawani layanan web panggonan lan keamanan kang aran Pengatur Piranti
Android™. Sampeyan bisa gunakake kanthi paralel, utawa minangka alternatif, layanan
my Xperia. Yen sampeyan kelangan piranti, sampeyan bisa gunakake Pengatur Piranti
Android™ kanggo:
•
Goleki lan tuduhake ning endi panggonane piranti sampeyan.
•
Bel utawa kunci piranti sampeyan, busak kabeh sajerone, utawa tambah nomer telpon
menyang layar ngunci.
Kanggo informasi tambahan bab Pengatur Piranti Android™ pindhah menyang
www.support.google.com
.
Pengatur Piranti Android™ ora bisa mlaku yen piranti dipateni utawa ora ana sambungan
menyang internet. Layanan Pengatur Piranti Android™ mbok menawa ora kasedhiya ing kabeh
negara utawa wilayah.
Nguripake Pengatur Piranti Android™
1
Yen sampeyan nggunakake piranti nganggo pangguna akeh, pesthekake yen
sampeyan mlebu minangka sing duwe.
2
Pesthekake yen sampeyan duwe sambungan data lan layanan panggonan
diaktifake.
3
Saka Layar Ngarep, tutul .
4
Golek banjur tutul
Google > Setelan Google > Kaamanan.
5
Seret tandha geser ing jejere
Goleki piranti saka kadohan lan Idini kunci lan
busak saka adoh nengen.
6
Yen dijaluk, sarujuk menyang syarat lan ketentuan kanthi nutul
Aktifake.
7
Kanggo verifikasi yen Pengatur Piranti Android™ bisa goleki piranti sawise
sampeyan ngaktifake layanan, pindhah menyang
www.android.com/devicemanager
lan mlebu nggunakake akun Google™
sampeyan.
20
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.