Sony Xperia XA - Mbukak kunci piranti kanthi otomatis

background image

Mbukak kunci piranti kanthi otomatis

Fitur Smart Lock nggampangake mbukak kunci layar kanthi ngidinake sampeyan nyetel

nyang otomatis mbukak kunci ing kahanan katemtu. Sampeyan bisa tansah ora ngunci

piranti, contone, nalika piranti kasambung nyang piranti Bluetooth® utawa nalika

sampeyan gawa.
Kanggo nyiyapake piranti supaya ora ngunci otomatis, sampeyan kudu nindakake

jangkah-jangkah ing ngisor dhisik kanthi urut:

Pesthekake sampeyan nduweni sambungan Internet aktif, luwih dipilih sambungan Wi-Fi

kanggo matesi beaya kiriman data.

Pesthekake yen kabeh aplikasi dianyari nggunakake aplikasi Play Store™ kanggo njamin

menawa aplikasi layanan Google Play™ wis dianyari. Nduweni aplikasi layanan Google

Play™ sing wis dianyari njamin yen bisa nggunakake fitur Smart Lock paling anyar.

Aktifake Smart Lock.

Temtokake kapan sampeyan pengin piranti otomatis kabukak kuncine.

Fitur Smart Lock dikembangake dening Google™ lan fungsionalitas persis uga bisa

diowahi sak wayah-wayah amarga panganyaran saka Google™.

Fitur Smart Lock bisa uga ora kasedhiya ing saben pasar, nagari, utawa wilayah.

Ngaktifake Pangunci Pinter

1

Pasthekake sampeyan wis nemtokake pola, PIN, utawa sandhi kanggo kunci

layar.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Layar kunci & kaamanan > Agen terpercaya.

4

Seret panggeser ing jejere

Smart Lock (Google) menyang tengen.

5

Tutul panah bali nyang sisihe

Agen terpercaya.

6

Goleki lan tutul

Smart Lock.

7

Lebokake pola, PIN, utawa sandhi. Sampeyan kudu nglebokake kunci layar iki

kapan wae sampeyan arep ngowahi setelan Pangunci Pinter.

8

Pilih jinis Pangunci Pinter.

Nyetel wektu supaya piranti tansah otomatis ora kakunci

Sampeyan bisa nyetel Pangunci Pinter supaya piranti tansah ora kakunci nggunakake

setelan ing ngisor:

Piranti dipercaya — Tansah bukak kunci piranti nalika piranti Bluetooth® kapercaya

kasambung.

Panggonan dipercaya — Tansah bukak kunci piranti nalika sampeyan ana ing

panggonan kapercaya.

Deteksi awak — Tansah bukak kunci piranti nalika sampeyan nggawa piranti.
Sampeyan kudu mbukak kunci piranti kanthi manual nalika sampeyan ora nggunakake

setelan kuwi sasuwene 4 jam lan sawise sampeyan wiwit maneh.

14

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nyambungake nyang piranti Bluetooth® kapercaya

Sampeyan bisa nemtokake piranti Bluetooth® sing kasambung minangka piranti

"kapercaya" lan ngejarake piranti Xperia™ ora kakunci nalika kasambung nyang piranti

kasebut. Yen sampeyan nduweni piranti Bluetooth® sing disambungake kanthi ajeg,

contone, spiker montor utawa sistem hiburan omahan, jam Bluetooth®, utawa palacak

fitnes, sampeyan bisa nambah piranti kasebut minangka piranti kapercaya lan ngejarake

kaamanan pangunci layar kanggo ngirit wektu. Fitur iki cocog yen sampeyan biyasane

ana ing panggonan sing aman banget nalika nggunake piranti iki. Ing sawetara kahanan,

sampeyan isih perlu mbukak kunci piranti kanthi manual sadurunge piranti kapercaya

bisa kasambung.

Ora direkomendasekake supaya nambah piranti sing kasambung kanthi ajeg nyang piranti

sampeyan minangka piranti kapercaya, contone, kibor utawa wadhah Bluetooth®.

Sawise piranti Bluetooth® kapercaya dipateni utawa dipindhake ing njabane jangkoan, layar

kakunci lan sampeyan merlokake PIN, pola, utawa sandhi kanggo mbukak kunci.

Nambah piranti Bluetooth® kapercaya

1

Pesthekake piranti gathuk lan kasambung nyang piranti Bluetooth® sing arep

ditambahake minangka piranti kapercaya.

2

Golek banjur tutul

Setelan > Layar kemunci & kaamanan > Smart Lock.

3

Ing menu Pangunci Pinter, tutul

Piranti dipercaya > Tambah piranti

dipercayaBluetooth.

4

Tutul jeneng piranti kanggo milih saka dhaptar piranti sing kasambung. Mung

piranti sing gathuk sing katon ing dhaptar iki.

5

Gumantung saka kaamanan sambungan, sampeyan kudu mbukak kunci piranti

kanthi manual sadurunge piranti kapercaya bisa tansah ora kakunci.

Mbusak piranti Bluetooth® kapercaya

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Layar kunci & kaamanan > Smart Lock > Piranti

dipercaya.

3

Tutul piranti sing pengin dibusak.

4

Tutul

Busak piranti dipercaya.

Masthekake sampeyan aman nalika nggunakake piranti kapercaya

Piranti Bluetooth® sing bedha ndhukung standar Bluetooth® lan kapabilitas kaamanan.

Ana kamungkinan yen wong tartamtu bisa ngejarake piranti Xperia™ ora kakunci dening

niru sambungan Bluetooth® sampeyan, sanajan piranti kapercaya wis ora ana ing

cedhak. Piranti sampeyan ora tansah bisa nemtokake yen sambungan aman saka wong

liya sing nyoba niru.
Nalika piranti ora bisa nemtokake yen sampeyan nggunakake sambungan aman,

sampeyan bakal entuk kabar ing piranti Xperia™ lan uga bisa kudu mbukak kunci kanthi

manual sadurunge piranti kapercaya bisa ngerjarake piranti Xperia™ ora kakunci.
Jangkoan sambungan Bluetooth® bisa maneka gumantung saka faktor-faktor kayata

model piranti, piranti Bluetooth® sing kasambung, lan lingkungan sampeyan.

Gumantung saka faktor-faktor iki, sambungan Bluetooth® bisa fungsi liwat jarak nganti

100 meter. Yen wong liya njupuk piranti Xperia™ nalika ana ing cedhake piranti

kapercaya, piranti kuwi uga bisa ngakses piranti Xperia™ yen piranti kapercaya wis

mbukak kuncine.

Nyambungake nyang Panggonan dipercaya

Nalika fitur Panggonan sing dipercaya kasetel, kaamanan pangunci layar ing piranti

Xperia™ dadi mati yen sampeyan ana ing panggonan kapercaya sing wis ditemtokake.

Supaya fitur iki fungsi, sampeyan kudu nduweni sambungan Internet, luwih apik liwat Wi-

Fi, lan idinake piranti nggunakake panggonan sing saiki.

15

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Kanggo nemtokake panggonan kapercaya, pesthekake dhisik yen mode panggonan

akurasi dhuwur utawa mode panggonan irit-baterei diaktifake ing piranti sadurunge

nambah panggonan asal utawa kustom.

Dimensi persis panggonan kapercaya kuwi ancer-ancer lan uga bisa ngliwati tembok fisik

omah utawa daerah liya sing wis ditambahake minangka panggonan kapercaya. Fitur iki bisa

ngejarake piranti ora kakunci ing radius nganti 80 meter. Uga, pragnyana yen sinyale

panggonan bisa dipadhani utawa dimanipulasi. Wong karo akses nyang peralatan khusus bisa

mbukak kunci piranti.

Nambah panggonan asal

1

Pesthekake mode panggonan diurupake lan sampeyan nggunakake setelan mode

Panggonan

Akurasi dhuwur utawa Ngirit baterei.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Keamanan > Smart Lock >Panggonan dipercaya >

Ngarep.

4

Tutul

Uripake panggonan.

Ngowahi panggonan asal

1

Pesthekake mode panggonan diuripake lan sampeyan nggunakake setelan

Akurasi dhuwur utawa Ngirit baterei.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Layar kunci & kaamanan > Smart Lock >

Panggonan dipercaya.

4

Pilih panggonan asal.

5

Tutul

Owah.

6

Ing garis panlusuran, tik panggonan sing arep sampeyan anggo minangka

panggonan asal.

Yen omah liya ngandum alamat sampeyan, sampeyan bis nambah panggonan omah saiki ing

kompleks bangunan minangka panggonan kustom.

Mbusak panggonan asal

1

Pesthekake mode panggonan diuripake lan sampeyan nggunakake setelan

Akurasi dhuwur utawa Ngirit baterei.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Layar kunci & kaamanan > Smart Lock

>

Panggonan dipercaya > Ngarep.

4

Tutul

Pateni panggonan iki.

Nggunakake panggonan kustom

Sampeyan bisa nambah panggonan apa wae minangka kapercaya, slarasake

panggonan ing ngendi piranti bisa tansah ora ngunci.

Nambah panggonan kustom

1

Pesthekake mode panggonan diuripake lan sampeyan nggunakake setelan

Akurasi dhuwur utawa Ngirit baterei.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Layar kunci & kaamanan > Smart Lock >

Panggonan dipercaya.

4

Tutul

Tambah panggonan dipercaya.

5

Kanggo nggunakake pangonan saiki minangka panggonan kustom kapercaya,

tutul

Pilih panggonan iki.

6

Cara liya, mlebu nyang panggona liya, tutul lambang kaca panggedhe lan tik

alamate. Piranti nlusuri panggonan sing wis ditik. Kanggo nggunakake alamat sing

disaranake, tutul alamat kuwi.

7

Kanggo netepake panggonan, tutul panah bali ing jejere alamat, banjur seret pin

panggonan nyang panggonan sing dikarepi, lan tutul

Pilih panggonan iki.

16

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngowahi panggonan kustom

1

Pesthekake mode panggonan diuripake lan sampeyan nggunakake setelan

Akurasi dhuwur utawa Ngirit baterei.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Layar kunci & kaamanan > Smart Lock >

Panggonan dipercaya.

4

Pilih panggonan sing arep diowahi.

5

Tutul

Owahi alamat.

6

Kanggo nglebokake panggonan liya, tutul lambang kaca panggedhe lan tik

alamate. Piranti nlusuri panggonan sing wis ditik. Kanggo nggunakake alamat sing

disaranake, tutul alamat kuwi.

7

Kanggo netepake panggonan, tutul panah bali ing jejere alamat, banjur seret pin

panggonan nyang panggonan sing dikarepi, lan tutul

Pilih panggonan iki.

Mbusak panggonan kustom

1

Pesthekake mode panggonan diuripake lan sampeyan nggunakake setelan

Akurasi dhuwur utawa Ngirit baterei.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Layar kunci & kaamanan > Smart Lock >

Panggonan dipercaya.

4

Pilih panggonan sing arep dibusak.

5

Tutul

Busak.

Ngejarake piranti ora kakunci nalika sampeyan gawa

Nggunakake fitur Deteksi ing awak, sampeyan bisa ngejarake piranti ora kakunci nalika

sampeyan gawa, contone, yen sampeyan nggawa piranti ing tangan, sak, utawa tas.

Akselerometer ing piranti ngejarake piranti ora kakunci nalika ngrasakake yen lagi

digawa. Piranti ngunci nalika akselerometer ndeteksi yen piranti wis diseleh.

Fitur Deteksi ing awak ora bisa mbedakake awake sapa sing kasambung. Yen sampeyan

menehi piranti nyang wong liya nalika ora kakunci nggunakake Deteksi ing awak, piranti

sampeyan kudu tansah ora kakunci kanggo pangguna kuwi. Elinga yen Deteksi ing awak

minangka fitur kaamanan kurang aman tinimbang pola, PIN, utawa sandhi.

Nguripake Deteksi awak

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Layar kunci & kaamanan > Smart Lock > Deteksi

awak.

3

Seret panggeser ing jejere

Mati menyang tengen, banjur tutul Terus.

Nggunakake Deteksi ing awak

Nalika nggunakake fitur Deteksi ing awak, sampeyan perlu waspada karo kelakuan ing

ngisor:

Nalka piranti ngrasakae yen piranti ana ing awake sampeyan, piranti tansah ora ngunci

sawise sampeyan bukak kuncine.

Kapan wae sampeyan nyeleh piranti lan piranti krasa yen ora ana ing awak sampeyan

maneh, piranti otomatis ngunci.

Sawise sampeyan nyeleh piranti, contone, menawa sampeyan seleh ing meja, piranti

bisa merlokake nganti sak menit supaya ngunci.

Sawise sampeyan mlebu nyang montor, bis, utawa kendaraan darat liyane, piranti bisa

merlokake antarane 5 lan 10 menit supaya ngunci.

Elinga, nalika sampeyan numpak pesawat utawa prau (utawa kendaraan non-darat

liyane), piranti uga bisa ora ngunci otomatis, dadi pasthekake supaya ngunci piranti

kanthi manual yen diperlokake.

Nalika sampeyan njupuk piranti maneh utawa metu saka kendaraan, bukak kuncine wae

banjur piranti tansah ora ngunci anggere sampeyan gawa.

17

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Mateni Deteksi awak

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Keamanan > Smart Lock > Deteksi awak.

3

Seret tandha geser ing jejere

Urip ngiwa.