Sony Xperia XA - Setelan kamera foto

background image

Setelan kamera foto

Ngatur setelan kamera foto

1

Aktifake kamera.

2

Kanggo nuduhake kabeh setelan, tutul .

3

Pilih setelan sing pengin disetel, banjur owahi kaya sing dipengini.

Ringkesan setelan kamera potret

Resolusi

Pilih ing antarane sawetara resolusi lan rasio aspek sadurunge njepret. Foto karo resolusi

sing luwih dhuwur merlokake memori sing luwih akeh.

13MP

4128×3096(4:3)

Resolusi 13 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo potret sing arep dideleng ing tampilan non-

layar amba utawa dicithak kanthi resolusi dhuwur.

9MP

3920×2204(16:9)

Resolusi 9 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing pengin dideleng ing tampilan layar

amba.

8MP

3264×2448(4:3)

Resolusi 8 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo potret sing arep dideleng ing tampilan non-layar

amba utawa dicithak kanthi resolusi dhuwur.

8MP

3840×2160(16:9)

Resolusi 8 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing pengin dideleng ing tampilan layar

amba.

3MP

2048×1536(4:3)

Resolusi 3 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo potret sing arep dideleng ing tampilan non-layar

amba utawa dicithak kanthi resolusi dhuwur.

2MP

1920×1080(16:9)

Resolusi 2 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo foto sing pengin dideleng ing tampilan layar

amba.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Timer foto

Nganggo timer foto, sampeyan bisa motret tanpa nyekeli piranti. Gunakake fungsi iki

kanggo njupuk potret pribadhi utawa potret kelompok supaya kabeh bisa dipotret.

Sampeyan uga bisa nggunakake timer foto supaya kamera ora goyang nalika motret.

Aktif (10 detik)

Setel wektu tundha 10 detik wiwit nutul layar kamera nganti potret dijupuk.

Aktif (2 detik)

Setel wektu tundha 2 detik wiwit nutul layar kamera nganti potret dijupuk.

0,5 det.

Setel wektu tundha setengah detik wiwit nutul layar kamera nganti foto dijupuk.

Mati

Potret dijupuk sanalika sampeyan nutul layar kamera.

Smile Shutter™

Gunakake fungsi Smile Shutter™ kanggo nemtokake eseman apa sing dideteksi kamera

sadurunge njupuk foto.

104

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Palacakan objek

Nalika sampeyan milih objek kanthi nutul ing jendhela bidik, kamera bakal nglacak.

HDR

Gunakake setelan HDR (High Dynamic Range) kanggo njupuk potret ing cahya mburi

sing kepadhangen ing kahanan sing kontrase banget. HDR menehi kompensasi kanggo

rincian sing ilang lan nggawe gambar sing apik ing panggonan sing peteng utawa

padhang.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

ISO

Sampeyan bisa nyuda bruwete gambar sing disebabake kahanan peteng utawa objek

sing obah kanthi nambah sensitivitas ISO. Uga yen sampeyan pengin motret gambar

sing padhang ing swasana peteng, sampeyan bisa nyetel sensitivitas ISO menyang nilai

sing paling dhuwur.

Otomatis

Setel sensitivitas ISO dadi otomatis.

100

Setel sensitivitas ISO dadi 100.

200

Setel sensitivitas ISO dadi 200.

400

Setel sensitivitas ISO dadi 400.

800

Setel sensitivitas ISO dadi 800.

1600

Setel sensitivitas ISO dadi 1600.

3200

Setel sensitivitas ISO dadi 3200.

Setelan iki mung kasadhiya ing

Manual mode potret.

Ngukur

Fungsi iki kanthi nemtokake cahya sing imbang kanthi ngukur jumlah cahya kanggo

subyek sing pengin dijupuk.

Pusat

Ngukur tengah gambar, lan nemtokake cahya adhedhasar padhange subyek ing kana.

Spot

Ngatur cahya ing bagean cilik saka gambar sing pengin dijupuk.

Rupa

Ngukur jumlah cahya ing pasuryan, lan ngatur cahya supaya pasuryan sing ora peteng banget utawa

padhang.

Rata-rata

Ngetung cahya adhedhasar jumlah cahya sing nyinari kabeh gambar.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Lampu kilat

Gunakake lampu kilat kanggo njupuk potret nalika kondisi cahya surem utawa yen ana

cahya saka mburi. Opsi ing ngisor iki kasedhiya nalika sampeyan nutul lambang lampu

kilat ing layar kamera:

105

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Otomatis

Kamera kanthi otomatis nemtokake manawa kondisi cahya mbutuhake lampu kilat.

Lampu kilat pangisi

Gunakake setelan iki yen latar mburi luwih padhang tinimbang subyek. Setelan iki ngilangi bayangan

peteng sing ora dipengini.

Nyuda mripat abang

Nyuda warna abang ing mata nalika njupuk potret.

Mati

Lampu kilat dipateni. Kadhangkala, kualitas potret malah luwih apik tanpa lampu kilat, sanajan ing

kondisi cahya surem. Njupuk potret sing apik tanpa nggunakake lampu kilat mbutuhake tangan sing

anteng. Gunakake fitur atur wektu kanggo nyegah potret burem.

Lampu

Lampu kamera diuripake nalika sampeyan njupuk foto.

Pamilihan gambar

Gunakake fitur Pamilihan gambar supaya bisa cepet nyetel kamera kanggo kahanan

umum nggunakake gambar sing wis diprogram dhisik. Kamera wis nemtokake maneka

setelan sing bisa dipasake kanggo gambar sing wis dipilih, supaya foto bisa paling apik.

Mati

Fitur Pamilihan gambar mati lan sampeyan bisa motret kanthi manual.

Kulit mulus

Motret praupan nganggo efek ayu canggih.

Potret alus

Gunakake kanggo motret sing latar mburine lembut.

Bawana

Gunakake kanggo foto sesawangan. Kamera fokus ing obyek sing adoh.

HDR koreksi cahya latar

Gunakake kanggo ngapiki jepretan sing kontras banget. Koreksi cahya latar sing wis diprogram

nganalisa gambar lan otomatis ngatur gambar supaya cahyane sampurna.

Potret bengi

Gunakake kanggo foto ngadeg sing dijupuk ing wayah bengi utawa ing kahanan sing surem. Amarga

suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Gambar bengi

Gunakake nalika motret ing wayah bengi utawa ing kahanan sing surem. Amarga suwene wektu

cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Panganan

Gunakake kanggo motret tatanan pangan sing wernane terang.

Kewan ingon

Gunakake kanggo motret ingon-ingon. Ngurangi burem lan mripat abang.

Pantai

Gunakake kanggo motret gambar ing pinggir segara utawa tlaga.

Salju

Gunakake ing kahanan padhang supaya foto ora kepadhangen.

Pesta

Gunakake kanggo motret ing njero kamar ing kahanan kurang cahya. Sesawangan iki njupuk cahya

latar mburi njero kamar utawa cahya lilin. Amarga suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi

anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Olahraga

Gunakake kanggo motret obyek sing obahe cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem

amarga obah.

Dokumen

Gunakake kanggo foto teks utawa gambar. Nambahi kontras potret sing luwih tajem.

Kembang api

Gunakake kanggo motret werna-wernining cahya kembang api.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

106

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.